Sabtu, 19 September 2015

Geguritan

Katresnan

Katresnan iku geguritaning urip sejati, pepadange sakjroning pepeteng, biso digawe nanging ora biso digawe-gawe.

Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumindak dudu kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open.

Katresnan iku larang regane ora biso dituku lan ditiru sarana bandha donya lan raja brana liyane, jalaran toh-tohane Nyawa.

Katresnan iku dalan kang tumuju marang bebener, kebak deneng rasa lan pepadhang lila lan legawa lair tumusing bathin kaya dene gegodhongan kang gogrok saka uwit ora ngarep-arep bakal baline melu ngrasakake panandhanging liyan.

Katresnan iku ora mbedak-bedakake cendhek duwuring pangkat asor luhuring drajat lan gegebengane urip kang rinasuk ananing mung welas lan asih suka pitulung marang sapa bae.

Katresnan iku pranyata umur tuwa, dudu umur dawa urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran Sing Nguasani Pati lan Urip ...

*** Sesepuh Pinisepuh Ngandika


Gendhing Asmaradhana


LARE NGGUNUNG

Senadyan kulo lare nggunung
Teden kulo sekul jagung

Tebeh ratu caket watu
Nanging manah tetep kukuh
Nuntut ilmu, mugi kasembadan ingkang ginayuh 
Raos kulo gembira ing manah 
Saget nulis lan moco wonten sekolah 
Bapak Ibu Guru kulo nyuwun pangestu
Mugi gusti paring idi menopo ingkang dados
Idamaning ati…Aamiin.



Leksono,  Januari 1985 - 2015

Sinau Ngelmu
Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama lan ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare bapak lan ibu guru aku kudu sinau tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju.




CITA-CITAKU

Esok awan wengi aku sinau
Kanggo nentoake cita-citaku
Ora ana wektu kanggo nyenengake atiku
Nanging semangatku nyagak sinau

Aku sinau sedina-dina
Tansah ngestokake dhawuhe wong tuwa
Takdua sak kabehing gada
Aku kudu entuk juwara

Oooh… gusti
Paringana rido awak mami
Supaya aku sesok bakti negri
Marakabi mring sesami

Oooh.. abot kaya ngene angele
Nanging aku kudu bisa nelak'ake
Kanggo ngimbangi rekasane wong tuwa
Bapak, Ibu ben lega atine
Putrane bisa Kabul gegayuhane, Aamiin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar